Mimi lan Mintuno

29 Oktober 2011 pukul 20:12 | Ditulis dalam boso jowo, hikmah, iseng, renungan | 3 Komentar

Wah, kok ada kang Habib… pasti ada Ummah ni… seru seorang Ibu yang sudah kuanggap ibuku sendiri.

Iya Bu, ini memang mirip mimi mintuno, sahutku sekenanya.

Loh…loh…. kok mimi mintuno…, seru beliau lagi.

Lha iya, sudah baik-baik jadi manusia kok malah membangsakan seperti hewan, sahut seorang Ibu yang lain yang sudah aku kenal juga.

Deg thuing….

Kepikir olehku, emang salah ya nyebut sebuah keadaan yang baik dengan mengumpamakannya kepada sifat binatang?

Continue Reading Mimi lan Mintuno…

Program KB Penyebab Punahnya Nilai Budaya?

2 Juli 2011 pukul 10:37 | Ditulis dalam boso jowo, iseng, jalan-jalan, kehidupan, keluarga | 5 Komentar

Wayahe isih esuk jane. Nanging wis kroso anget nyang awak. Goro-gorone poro konco lan tonggo podho kumpul nyang pojok deso. Ngresiki kalen cilik sih dijenengne selokan.

Karo nyambut gawe dho ngobrol ngalor ngidul ning ora ngapusi. Sing dirembug yo perkoro opo wae. Nganti ngrembug bab program KB. Lha iyo, jaman wis merdhiko ngene kok isih ono wong sing nyambut gawe dadi tukang ngoyak-oyak uwong kon melu KB. Ning malah dadi guyonan dhing….

Ngene iki:

Continue Reading Program KB Penyebab Punahnya Nilai Budaya?…

Flu Babi

5 Mei 2009 pukul 10:16 | Ditulis dalam boso jowo | 5 Komentar

Kocap kacarito….

Ing wayah esuk, ing dino Ahad nalikane aku nembe njagong manten. Nalikane aku nembe nyruput wedangku sing sajak ngobong ilat, ing palenggahan sak mburiku ana tamu kang ngobrol sajak gayeng ngono kae.

Aku dadi kepingin ngumbar pangrungu…angon kuping marang rembugane tamu-tamu kuwi mau. Ana rembugan kaya mangkene,

Mas, aku bingung rodo sujono lho….

Ono opo Mas?

Iki lak nembe ana pawarta babagan flu babi…

Continue Reading Flu Babi…

Perangane Awak

10 Mei 2008 pukul 20:15 | Ditulis dalam boso jowo | 2 Komentar

Perangane Awak

No.

Ngoko

Kramå Madyå

Kråmå Inggil

1

alís

alís

imbå

2

ati

manah

(peng) galih

3

awak

badan

salirå

4

balúng

balung

tosan

5

bangkèkan

bangkèkan

pamêkan

6

bathúk

bathúk

palarapan

7

bókóng

bokong

bocong

8

brêngos

brêngos

gumbålå, rawis

9

cangkêm

cangkêm

tutuk

10

cêngêl

cêngêl

griwå

11

dhådhå

dhådhå

jåjå

12

dhêngkul

dhêngkul

jengku

13

dlamakan

dlamakan

samparan

14

driji

driji

racikan

15

êmbun-êmbunan

êmbun-êmbunan

pasundhulan

16

êndhas

sirah

muståkå

17

èpèk-èpèk

èpèk-èpèk

tapak astå

18

gêgêr

gêgêr

pêngkêran

19

gêlung

gêlung

ukêl

20

gêtíh

rah

rah

21

githok

githók

julukan

22

gulu

gulu

jangga

23

idêp

idep

ibíng

24

idu

idu

kêcoh

25

igå

igå

unusan

26

ilat

ilat

lidhah

27

irung

irung

grana

28

janggút

janggút

kèthèkan,adhêgan

29

jénggot

jénggot

gumbala

30

kémpol

kémpol

wêngkêlan

31

kringêt

kringêt

riwé

32

kuku

kuku

kênåkå

33

kupíng

kupíng

talingan

34

lambé

lambé

lathi

35

luh

luh

waspå

36

måtå

mripat

paningal, socå

37

pipi

pipi

pangarasan

38

pundhak

pundhak

pamidhangan

39

pupu

pupu

wêntís

40

rai

rai

pasuryan

41

rambút

rambút

rémå, ríkmå

42

riyak

riyak

jlagrå

43

sikíl

suku

ampéyan

44

susu

susu

prêmbayún

45

suwårå

swantên

swantên

46

tangan

tangan

astå

47

umbêl

umbêl

gadhíng

48

untu

untu

wåjå

49

uyúh

toyan

turas

50

wêtêng

wêtêng

padharan

51

wudêl

wudêl

tuntunan

Arane Anak Kewan

21 April 2008 pukul 06:15 | Ditulis dalam boso jowo | 1 Komentar

Anak :

Jênêngé :

Anak :

Jênêngé :

ampal

: êmbug

kombang

: êngkúk

angrang

: kroto

konang

: êndrak

asu

: kirik

krêmi

: racêk

ayam (pitik)

: kuthúk

kucíng

: cêmèng

babi

: gemblúk

kul/kéyóng

: krikík

bandêng

: nênêr

kupu

: ulêr

banthèng

: warèng

kura

: laós

banyak

: blêngur

kutúk

: kotèsan/koncèlan

båyå

: rété

kwangwúng

: gêndhót

bèbèk

: mêri

lalêr

: sèt/singgat

bêthík

: mêntèr

lamúk

: jênthík

blanak

: sêndha

låwå

: kamprèt

brati

: tongki

lélé

: jabrisan

budhêng

: kowé

lêmút

: ugêt-ugêt

bulús

: kêtul

lintah

: pacêt

cacíng

: lur

lisang

: bêlês

cêcak

: sawiyah

lodan

: jêngkélong

cè1èng

: gênjík

lutúng

: kênyúng

coro

: mêndhèt

luwak

: kuwúk

dårå

: piyík

luwíng

: gónggó

dhorang

: tampèr

macan

: gógór

êmprít

: indhíl

manúk

: piyík

gagak

: êngkak

mênjangan

: komprèng

gajah

: blêdug

ménthók

: minthi

gangsír

: clondho

mêrak

: uncúng

garangan

: rasé

nyambik

: slirå

garèngpúng

: drungkúk

: gényóng

gêmak

: drigúl

plêtíng

: jaringan

glathík

: cêcrèkan

sapi

: pedhèt

gundhík

: larón/rayap

sêmbilang

: lêngêr

iwak

: béyóng

singå

: dibal

jangkrík

: gêndholo

tambrå

: bókól

jaran

: bêlo

tawón

: gånå

kadhal

: tobíl

têkèk

: cêlolo

kakap

: caplèk

tikús

: cindhíl

kålåjengkíng

: kêtupå

tóngkól

: cêngkík

kancíl

: kênthi

tumå

: kór

kêbo

: gudèl

ulå

: kisi/ucêt

kêcapung

: jênthít

urang

: grago

kêmånggå

: cêriwi

wadêr

: sriwêt

kêpík

: mrèki

wagal

: jêndhíl

kidang

: komprèng

walang

: dhógól

kimar

: kèdah

warak

: plêncíng

kinjêng

: sènggutru

wêdhús

: cêmpé

kinjêng dóm kintêl

: undúr-undúr

wêlút

: udhèt

kêthèk

: munyúk/kenyúng

yuyu

: bèyès

kódhók

: prêcil

Kerata Basa

21 April 2008 pukul 06:03 | Ditulis dalam boso jowo | 3 Komentar

aku ki lagi bingung bolo-bolo ki entuk tugas nggawe kerata basa soko bu guru neng sekolahan, trus tak gawekne iki entuk soko ndaleme ki demang,

Kerata Basa
01. anak karêp åpå-åpå kudu ånå lan énak.
02. bapak bap åpå-åpå pêpak
03. batur êmbat-êmbating tutúr
04. bocah mangan kåyå kêbo, gawéyané ora kêcacah.
05. brêkat didèlèh mak brêg terús diangkat
06. cangkêm yèn ora dicancang ora mingkêm.
07. cangkír kanggo nyancang pikír
08. cêngkír kêncêngé pikír
09. denåwå ngêdên håwå ngumbar håwå napsu
10. désèmbêr gêdhé-gêdhéné sumbêr
11. dongèeng dipaido ora mêngèng
12. garwå sigaraning nyåwå
13. gêdhang sagêd padhang, digêgêt bar madhang.
14. gêrang sêgêré wis arang-arang
15. guru kêna digugu lan ditiru
16. gusti bagusíng ati
17. januari hujan sabên ari
18. kaji tekadé siji
19. kathók diangkat sitók-sitók
20. kódhók tekå-tekå ndhódhók.
21. kotang sikute diutang
22. krikíl kêri ing sikíl
23. kupíng kaku njepipíng
24. kuplúk kaku nyêmplúk
25. kursi yên diungkúrake banjúr isi
26. ludrúk gulune gélo-gélo, sikile gêdrúg-gêdrúg
27. malíng njipúk amalé wóng síng ora elíng
28. mantu diéman-émani mêksa mêtu
29. måråtuwå mårå-mårå kêtêmu tuwå
30. nopèmbêr ånå sumbêr
31. oktobêr untúb-untubé sumbêr
32. pébruari yèn mépé mburu ari
33. prawan yèn pêpara (lêelungan) kudu wayah awan
34. saru kasar lan kêliru
35. sêjarah sêjan ngarah (yèn dinå riåyå/Idul Fitri)
36. sêkutêr sambi séndhéku mlayu bantêr.
37. sêpuh sabdané ampúh
38. simah isiné omah
39. sinóm isih enóm
40. sirah isiné rah
41. siti isiné bulu bêkti
42. sopir yèn ngaso mampír (ing warúng).
43. sruwal saru yèn nganti uwal
44. sulap yèn kesusu bakal ketilap.
45. tandúr nåtå karo mundúr
46. tåpå tatane kåyå wóng påpå
47. tarúb ditåtå supåyå katón murúb
48. tayúb ditåtå supåyå katón guyúb
49. têbu antêbé kalbu
50. tépas titíp napas
51. tuwå untune wis rowå, ngenteni metune nyåwå
52. wanitå wani ditåtå
53. wédang dianggo gawé kadang
54. wêdhus suwé ora tau adús
55. wêtêng ruwêt tur pêtêng

bal-balan vs sholat lail

9 April 2008 pukul 11:36 | Ditulis dalam boso jowo | 3 Komentar

Nyuwun sewu, ora karepku arep ngadu rong perkoro sing bedo adoh banget iki. ning mung arep ngudhari memoriku dhewe.

Pas usum bal-balan ngene iki, aku dadi kelingan jaman tahun 2000 kepungkur. Tahun iku ana kedadean kang nggumunake marang atiku.

Esok-esok pas tuku sayur nggo sarapan, aku weruh ibu-ibu sing sambat karo bakul sayur kono. Sak elingku kiro-kiro ngene iki,

Mbakyu…mbakyu, pripun awak kulo niki, sambate dheweke. Wonten nopo to jeng…., jare bakule. Meniko lho, pake lare-lare niku lho, enjing-enjing ngeten niki empun ngamuk-ngamuk ten griyo….(ngrasani bojone dhewe). Mosok, mung goro-goro mboten digugah jam kaleh wau dalu kok dados kados ngaten, ujare ibu mau. Lha nopo to jeng, mboten saget sholat tahajjud nopo pripun? Takone bakul sayur. Walah, mboten mbakyu, bojo kulo nika mboten biasa sholat dalu kok, lha sholat wajib mawon kedah dipun oyak-oyak kalih lare-lare. Lha enten nopo to jeng? Niku lho mbakyu, keliwatan anggene ningali bal-balan piala dunia niku lho…. Ooooooooo, mecucu lambene bakul sayur.

He…..he…he…..

Pripun poro sedherek…..

Bolak-balik aku ki nemu kahanan sing kiro-kiro sak jenis karo ngene iki mau. Ora karepku ngrasani wong liyo, ning mung pengin njupuk pengalamane wong kanggo awakku dhewe.

Lha iyo, manungso kuwi, kepiye yo….. mergo kurang ngelmu wae jan-jane ki (ning dikon sekolah wegah, dikon ngaji malah methithi). Ora iso mbedakne opo sing dadi kebutuhane karo perkoro sing mung mbuang wektune. Nek pas ono adzan wengi kae (adzane Bilal dinggo nggugah wong ben iso sholat lail ra ketang mung witir, nek adzane Ibnu Ummi Maktum kuwi adzan subuh), muring-muring, jare wayah wong turu kok malah laop-laop, ning nek ra digugah nonton bal jam loro, muring-muring, jare wong wedok ra manut karo bojone.

Iki piye……….

pcmav opo avast!

24 Maret 2008 pukul 12:49 | Ditulis dalam boso jowo | 1 Komentar

sore-sore lagi nongkrong neng ngarep omah, ono konco moro perlu njaluk antivirus sing lagi dirembug wong-wong. sing jare iso ngresiki virus ning ra ngrusak data. yo wis tak wenehi alamate pcmav, alamat iki wae.

lha pengalamanku dhewe yo ngono. sok-sok virus ki marakne susah uwong, ning….. nyuwun sewu yo, ono sing ora ndadak susah goro-goro virus ngene iki, yakuwi sing gaweane ndandani komputer, sing dadi programmer ngono kae, karo wong sing golek perhatian….

nek aku dhewe saiki nganggo avast! home edition wae…. donlot neng kene.

ning rasaku dhewe, sing paling penting nganggo antiirus, eh antivirus dhing…. kuwi kudu up-to-date ngono…. soale virus ki yo nglungsungi terus, koyo ulo kae…


Entries dan komentar feeds.