skala prioritas

31 Maret 2008 pukul 08:02 | Ditulis dalam kehidupan | 2 Komentar

judulnya emang resmi banget.

abisnya, emang mo resmi, ning gak iso, tetep metu jowone.

aku nembe entuk konco anyar, wong adoh banget, nembe rampung sekolahe sing adoh banget maneh….nyebrang laut piro kae….ning bar ngono atine dadi sedih, soale mulih-mulih malah nemu masalah sing rodo serius ngono. trus dheweke crito nyang aku, bla…..bla….bla….. dowo critane. lha krungu crito koyo mengkono kuwi aku dadi nyawang awakku dhewe. aku golek koco, aku ngilo….nyawang awakku iki…..

bib, elingono awakmu kuwi, umurmu ra suwe, wis mbok nggo opo umurmu seprono seprene iki. wong urip kuwi mung sakdremo nglakoni. nglakoni dhawuh soko Sing nggawe urip. kowe kuwi mung abdi dalem, budak marang ndorone. ora nduwe hak sing aneh-aneh. elingono kae:

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِي

iki pethilan Adz Dzariyat ( 51 ) ayat 56.

kowe ki mung kon ngibadah tumrap ngarsane Allah kang murbeng dumadi. ora kon ngopo-ngopo……!!! bingung…? piye carane…?

فَاسْأَلُوا أَهْلَ الذِّكْرِ إِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ

soko An Nahl ayat 43.

lan kowe ojo lali yo,

وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ وَلَا تَنسَ نَصِيبَكَ مِنْ الدُّنْيَا وَأَحْسِنْ كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ

kuwi ngono potholane surat Al Qoshosh ( 28 ) ayat 77.

Allah ki wis paring opo-opo maring awakmu, nganti ajalmu teko mengko kowe wis dijatah rejekimu, dadi ra sah kuwatir kowe bakal keluwen, sing penting usahamu sing mbok lakoni kuwi ngridloake maring Allah, ora nglanggar aturane Allah, sing halal tur thoyyib. kebutuhan liyane yo ngono, wis dijatah dening Allah, wis dicepakne kanggo nyukupi kebutuhanmu. dadi saiki kowe kari ngucap syukur lan ngamal sing becik kanthi sangu sing wis mbok gowo kuwi. lha kowe ojo lali iki

وَلَا تَنسَ نَصِيبَكَ مِنْ الدُّنْيَا

bagianmu neng ndonya iki opo? lha yo mung ngibadah to…..

lha saiki kari madhep mantep ngumawulo nyang ngarsane Allah. wis……

jaganen awakmu, anak lan bojomu, keluwargamu kabeh, ben iso podho ngibadah lan ngibadah….. golek kabecikan, golek ganjaran, golek ridlane Allah.

lan ojo lali, jaganen awakmu yo kabeh wong-wong sing dadi tanggunganmu saka latu neroko, koyo ngendikane Allah

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا

soko At Tahrim ayate 6

piye carane….?

فَاسْأَلُوا أَهْلَ الذِّكْرِ إِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ

dadi saiki, kowe gawe skala prioritas. endi sing kudu ndang mbok lakoni, endi sing iso mengko wae olehe ngrampungi. perkoro akhirot kuwi senajan tekone keri, ning nggarape kudu didhisikke, wong awake ki ra ngerti kapan ajale teko….kamongko ajal kuwi luwih cedhak timbang tali sandalmu……

Mainan Bekas Anak

24 Maret 2008 pukul 15:09 | Ditulis dalam iseng | 2 Komentar

Gunakan pena anda. Hubungkan kesembilan titik tersebut dengan 4 (empat) garis lurus, tanpa mengulang garis dan tidak mengangkat pena begitu anda membuat garis.

pcmav opo avast!

24 Maret 2008 pukul 12:49 | Ditulis dalam boso jowo | 1 Komentar

sore-sore lagi nongkrong neng ngarep omah, ono konco moro perlu njaluk antivirus sing lagi dirembug wong-wong. sing jare iso ngresiki virus ning ra ngrusak data. yo wis tak wenehi alamate pcmav, alamat iki wae.

lha pengalamanku dhewe yo ngono. sok-sok virus ki marakne susah uwong, ning….. nyuwun sewu yo, ono sing ora ndadak susah goro-goro virus ngene iki, yakuwi sing gaweane ndandani komputer, sing dadi programmer ngono kae, karo wong sing golek perhatian….

nek aku dhewe saiki nganggo avast! home edition wae…. donlot neng kene.

ning rasaku dhewe, sing paling penting nganggo antiirus, eh antivirus dhing…. kuwi kudu up-to-date ngono…. soale virus ki yo nglungsungi terus, koyo ulo kae…


Entries dan komentar feeds.