Program KB Penyebab Punahnya Nilai Budaya?
2 Juli 2011 pukul 10:37 | Ditulis dalam boso jowo, iseng, jalan-jalan, kehidupan, keluarga | 3 KomentarWayahe isih esuk jane. Nanging wis kroso anget nyang awak. Goro-gorone poro konco lan tonggo podho kumpul nyang pojok deso. Ngresiki kalen cilik sih dijenengne selokan.
Karo nyambut gawe dho ngobrol ngalor ngidul ning ora ngapusi. Sing dirembug yo perkoro opo wae. Nganti ngrembug bab program KB. Lha iyo, jaman wis merdhiko ngene kok isih ono wong sing nyambut gawe dadi tukang ngoyak-oyak uwong kon melu KB. Ning malah dadi guyonan dhing….
Ngene iki:
Pak Guru Boso Jowo ngendikan ngene: “Yen program KB sukses, mengko akeh istilah boso Jowo sing ilang, muspro ora wujud maneh. Koyo to, sendhang kapit pancuran. Utowo pancuran kapit sendhang. Bakal ilang goro-goro duwe anak mung cacah loro. Ora cukup.”
Pak Dhalang nyusul rembug: “Aku dadi bingung olehku ndhalang. Lha piye, arep ngetokne Pandhawa cacah limo mesthine pekewuh. Kurawa sing cacah satus dadi tambah ora kepenak. Pekewuh karo pemerintah sing paring dhawuh kon KB. Opo ngene wae yo, yen perang utowo rembugan antarane Pandhawa karo Kurawa perwakilan wae. Loro soko Pandhawa lan loro saka Kurawa. Kan dua saja cukup….
Mas sing duwe dealer mobil sambat: “Aku dadi khawatir, yen bener saben keluarga duwe anak loro thok, mobilku sing gedhe-gedhe jenis MPV kae bakal ora payu. Rugi aku…. alih profesi dadi bakul sepeda motor po piye yo….?
Terus aku nyusul rembug karo mesem ngguyu: “Yen aku malah cocok karo program KB sing jeneng Keluarga Berencana. Aku duwe pengarep-arep, rencanane keluargaku mengko disuwun duwe anak sing akeh. Akeh anak akeh rejeki. Insya Allah mengkono. Iku kang dijenengne Keluarga Berencana sing asli lan temen.”
Poro konco nyawang aku karo ngethungke bandhem mentah….
3 Komentar »
RSS umpan untuk komentar-komentar dalam tulisan ini. URI Lacak Balik
Tinggalkan Balasan
Blog pada WordPress.com. | Theme: Pool by Borja Fernandez.
Tulisan dan komentar feeds.



ilmu itu ada 3, Qur'an Hadits dan Faraidh. yang lain hanyalah tambahan
assalamu’alaikum…
kulo muaiqiliy, bade tanglet menika, hukum kabe menika nopo nggih? matur nuwun…
Comment by muaiqiliy— 11 Juli 2011 #
padahal bagus sekali program KB tersebut
Comment by christian bautinja— 22 Juli 2011 #
KB=Keluarga Besar
Comment by alhusein23— 21 Agustus 2011 #