Flu Babi
Mei 5, 2009 at 10:16 am | In boso jowo | 5 CommentsKocap kacarito….
Ing wayah esuk, ing dino Ahad nalikane aku nembe njagong manten. Nalikane aku nembe nyruput wedangku sing sajak ngobong ilat, ing palenggahan sak mburiku ana tamu kang ngobrol sajak gayeng ngono kae.
Aku dadi kepingin ngumbar pangrungu…angon kuping marang rembugane tamu-tamu kuwi mau. Ana rembugan kaya mangkene,
Mas, aku bingung rodo sujono lho….
Ono opo Mas?
Iki lak nembe ana pawarta babagan flu babi…
Iyo, terus eneng opo Mas?
Aku sih kelingan ing kasus flu burung kae lho Mas.
Opo maksud njenengan?
Ngene, Mas. Jamane flu burung kae pemerintah dadi paranoid. Kabeh-kabeh kewan ingon-ingone warga masyarakat diculik trus diobong. Mbuh kuwi pitik, mbuh menthok utowo bebek. Kepara manuk sing dadi ingon-ingon yo dimusnahke. Eh lha kok pas flu babi iki sante-sante wae yo, Mas…. kok aku durung krungu warta menawa ono babi kang diculik trus diobong. Ono opo ya kok pemerintah bedo anggone merespon kasus iki….
Weh, iyo yo, Mas…..aku malah lagi ngeh marga crito njenengan iki.
Lha yo kuwi, Mas. Aku rodo sujono. Ojo-ojo jan-jane wae flu burung kae luwih kenthel nuansa politike. Yen berita yo diblow-up ngono. Gek-gek kenthel kaitane karo bisnis sak perangane wong kang dadi bakul paha ayam Amerika. Pikirku ngene, yen kabeh pitik duweke warga masyarakat Indonesia wus punah, saka ngendi yen ono wong kepingin mangan daging ayam? Kamangka warga masyarakat wus akrab marang daging ayam. Malah akeh restoran fast food kang sajian utamane daging ayam, tur impor, gedhi-gedhi sajak mranani ing penggalih. Paling-paling kudu impor saka Amerika. Kamangka aku tau krungu yen daging-daging impor kuwi ora mesti halal ki, Mas…. tur durung mesti bebas penyakit. Gek-gek malah dicampuri bahan kimia sing sifate dadi racun tumrap awake dhewe. Kepiye hayo….
Lha terus yen perkarane babi kepiye Mas?
Lha yo iki aku isih rodo bingung Mas. Yen nyawang bab babi, yo mung sak perangan cilik warga kang ngonsumsi to? Opo maneh tumrape wong Islam, kuwi haram hukume.
Nanging Mas, ing tipi aku nate weruh pawarta yen daging celeng utawa babi kuwi dicampur karo daging sapi lho.
Lha yo kuwi Mas, aku dadi wedi yen arep tuku daging ing pasar. Wedi nek dicampur barang haram.
Trus soal flu babi kuwi mau kepiye Mas?
Yo embuh Mas…..
& Komentar »
RSS umpan untuk komentar-komentar dalam tulisan ini. URI Lacak Balik
Tinggalkan komentar
Blog pada WordPress.com. | Theme: Pool by Borja Fernandez.
Entries and comments feeds.






ilmu itu ada 3, Qur'an Hadits dan Faraidh. yang lain hanyalah tambahan
bntar lg ada flu sapi,flu wedhus,flu kebo lan sekabehane yo rak mas…??? heuheuheu…. ^_^
assalamu’alaikum,
-
wa’alaikumsalam….
wah piye yo Mas…..
Komentar oleh Didien® — Mei 6, 2009 #
he he he
jian sajak gayeng anggone jagongan
wah aku ora ketarik karo bab flu babi
ning ketarik karo tulisane sing mlipis
-
weh…..aku ora pipis kok Mas. mlipisi opo yo…..?
matur nuwun wus kerso maem pir (mampir dhing)
Komentar oleh om-blog — Mei 6, 2009 #
nggak faham pak,soalnya saya belum bisa basa jawa.
Komentar oleh liya — Mei 29, 2009 #
JOWO MANUNGGAL BUDAYAKAN BUDAYA JAWA LESTARIKAN UNGGAH UNGGUH ING NDONYO ENDIPUN
Komentar oleh mahmud rembang — Juli 19, 2009 #
ass…wr wb
awak neng kene iki jg cemas,nntt ilmu ado-ado seng di cerei rupae kakean penyaket ya tho mas….
Komentar oleh yuni — Juli 26, 2009 #